Kamis, 24 Maret 2016

Teks Prosedur Cara Membuat Serabi Solo Gulung (Bahasa Jawa)

Teks Prosedur
Serabi Solo Gulung

Bahan :
·         225 gram glepung beras
·         ½ sendhok teh ragi instan
·         50 gram gula
·         ½ sendhok teh uyah
·         1 butir antiga
·         60 ml santen, saka 1 butir kambil
·         1 lembar godhong pandan, disimpulke
·         150 gram keju cheedar, kanggo taburan
Bahan Isi :
·         4 buah nangka, diketok kotak-kotak ½ cm
Bahan Areh :
·         100 ml santen, saka 1 butir kambil
·         ¼ sendhok teh uyah
·         4 lembar godhong pandan
Cara Nggawe :
1.     Godhok santen, godhong pandan lan uyah karo diudek nganti umup. Banjur adhemake.
2.     Sok 150 ml godhokan santen menyang campuran glepung beras, ragi instan lan gula. Uleni.
3.     Keplok adonan karo ditambahake turahan santen sethithik-sethithik. Keplok-keplok 20 menit sakwise santen entek. Menengke 1 jam.
4.     Areh : godhok santen, uyah lan godhong pandan karo diudek nganti kentel. Sisihke.
5.     Panaske wajan wesi. Sok adonan mau tekan panggonan tengahe karo panggonan ngisor sendhok sayur karo diobahake menyang arah pinggir wajan ben adonane ngamba. Mbarke nganti berlubang, banjur taburke bahan isi.
6.     Tutup wajan. Mbarke nganti mateng. Oleske areh. Tutup meneh sadhela ben ngeresep. Angkat.
7.     Dekekake ing dhuwur godhong gedhang bentuk bulat padha gedhe serabi solo. Dekekake keju parut ing tengah. Gulung bareng godhonge. Lapisi karo plastik.
*Kagem 16 buah


Tidak ada komentar:

Posting Komentar